Radio Budaya Jawa Pati :

Video Ciung Wanara “Siluman Hutan Kidul”

“Video Ciung Wanara – Siluman Hutan Kidul ” dipersembahkan oleh PT. Genta Buwana Pitaloka Film Production, Producer : Budi Sutrisno, Cerita Skenario : Imam Tantowi, Desain Artisitik : El Badrun. Pimpinan Produksi : N Sindhu Dharma, Penata Artisitik : Abdullah Sajad, Penata Busana & Rias : Dahlan Harun, Penata Fotografi : H Asmawi, Penata Kamera : H Asmawi, H Akram N, Penata Suara : FX Sumpeno, Penata Musik : Harry Sabar, Editor : R Pramono, Herry Kurniawan, Co Sutradara : El Badrun, Sutradara Laga : Eddy S. Jonathan, Sutradara : Imam Tantowi.
Link Undhuh Video Ciung Wanara – Siluman Hutan Kidul, Selamat menyaksikan !

KETOPRAK MP3 “BRUBUH MAJASEMI”

Pada suatu wilayah terdapatlah Kadipaten Paranggaruda punya hajat mengawinkan putera satu-satunya yang bernama R. Jaseri atau lebih terkenal dengan sebutan Menak Jasari dengan putri Adipati Carangsoko bernama Dewi Ruyungwulan. Menak Jasari adalah pemuda yang fisiknya cacat, dan berwajah jelek. Hingga membuat Dewi Ruyung Wulan menolak untuk didekatinya. Namun karena paksaan orang tua maka mau tidak mau Dewi Ruyung Wulan harus menerima R. Jaseri sebagai suaminya.

Pesta perkawinan telah berlangsung, Dewi Ruyung Wulan yang sedang bersedih, ia meminta pestanya harus diadakan pagelaran wayang yang dimeriahkan wayang purwo (wayang kulit) dengan dalang Ki Soponyono yang sangat terkenal sebagai dalang yang mampu membawakan beberapa karakter tokoh yang ada dalam cerita Mahabarata dan Ramayana sehingga banyak penonton yang terbius seolah cerita itu hidup.

Video Angling Dharma – Halimun Petak


Video Angling Dharma – Halimun Petak” dipersembahkan oleh PT. Genta Buwana Pitaloka Film Production, Producer : Budi Sutrisno, Cerita Skenario : Imam Tantowi, Desain Artisitik : El Badrun. Pimpinan Produksi : N Sindhu Dharma, Penata Artisitik : Abdullah Sajad, Penata Busana & Rias : Dahlan Harun, Penata Fotografi : H Asmawi, Penata Kamera : H Asmawi, H Akram N, Penata Suara : FX Sumpeno, Penata Musik : Harry Sabar, Editor : R Pramono, Herry Kurniawan, Co Sutradara : El Badrun, Sutradara Laga : Eddy S. Jonathan, Sutradara : Imam Tantowi.

Link Undhuh Video Angling Dharma – Halimun Petak, Selamat menyaksikan !

Angling Dharma – Api Dendam Durgandini


“Video Angling Darmo – Api Dendam Durgandini” dipersembahkan oleh PT. Genta Buwana Pitaloka Film Production, Producer : Budi Sutrisno, Cerita Skenario : Imam Tantowi, Desain Artisitik : El Badrun. Pimpinan Produksi : N Sindhu Dharma, Penata Artisitik : Abdullah Sajad, Penata Busana & Rias : Dahlan Harun, Penata Fotografi : H Asmawi, Penata Kamera : H Asmawi, H Akram N, Penata Suara : FX Sumpeno, Penata Musik : Harry Sabar, Editor : R Pramono, Herry Kurniawan, Co Sutradara : El Badrun, Sutradara Laga : Eddy S. Jonathan, Sutradara : Imam Tantowi.

Link unduh Video MP4 Angling Darmo – Api Dendam Durgandini, Selamat Menikmati !

Ketoprak Siswo Budoyo "Madrim Sayembara"

Ketoprak Kreasi Baru : Siswo Budoyo, Tulungagung, Pimpinan : Drs. Rachman SAM, mempersembahkan cerita : Seri Angling Darmo - Madrim Sayembara. Sutradara : Totok Sontro



Para Pelaku :
Angkling Darmo .......... Budi Hartanto
Batik Madrim .......... Totok Sontro
Mangunjoyo .......... Arif
Wijanarko .......... Edi
Setyowati .......... Rafika
Emban .......... Elly, Hartiyah, Mintarsih
Pelawak .......... Jo Lewo, Jo Rewel, Jo Konyil
Begawan Manik Sutro .......... Sujud Suryo
Raja Pamupu Sayembara .......... Sandi Asmo
Ulo Tampar .......... Suhirno
Nogo Gini .......... Sriatun
Kamajaya – Ratih .......... Trimo
Kolo Werdati .......... Peni Wardoyo
Patih Kolo Werko .......... Sugeng Rogo
Endang Sasmito Puro .......... Eni

Dekorasi : Tomang Karyanto Cs
Karawitan : Djarwanto Cs
Waranggono : Ny. Darmono
Kamerawan : Budi, Rohid, Lilik
Penata Gambar : Rohid
Operator Audio : Juki, Pri, Hari
Produksi : Perdana Record

Silahkan undhuh MP4 Ketoprak Kreasi Baru "Siswo Budoyo, Tulungagung - Seri Angling Darmo- Madrim Sayembara" disini, dan jika ingin menikmati MP3 nya disini.


Selamat Menyaksikan !






KETOPRAK "JAKA TINGKIR NGRATU"

Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.

Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak

Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.

Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali.

Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.

Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).

Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.

Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.

Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.

Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.

Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.

Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.

Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.

Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.

Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.

Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.

Silahkan nikmati dan undhuh MP3 Ketoprak Siswo Mudho"Joko Tingkir Ngratu" disini

Joko Tingkir Ngratu 01.mp3
Joko Tingkir Ngratu 02.mp3
Joko Tingkir Ngratu 03.mp3
Joko Tingkir Ngratu 04.mp3
Joko Tingkir Ngratu 05.mp3

Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu

Ketoprak Wahyu Manggolo "Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu"

Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pramesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.


Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandheg. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.


Prabu Jayabaya duka marang Astradarma, banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let suwe Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.


Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi. Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara.


Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra. Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kan aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke banjur nantang adu kasekten karo Anglingdarma. Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.


Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara. Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas. Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling. Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.


Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.


Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika, “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”. Angling njaluk Aji Gineng, kanthi syarat Angling ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe.


Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe. Setyowati serik, ngira yen Angling ngece Setyowati sing asale saka desa. Nadyan wis diterangake kayangapa, Setyawati panggah ora trima. Banjur..”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman. Iki mau amerga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.” Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau, “Menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah. Kula badhe pati obong.” Tangise Setyowati.


Setyowati nglakoni pati obong tenan. Angling arep nyusul bojone, ananging ora sido merga krungu guneme wedhus kang isine nyindhir dheweke. Angling banjur mudhun saka panggungan. Luwih becik ngayomi rakyate sing isih butuh dheweke. Setyowati nekad nyemplung geni kang mulat-mulat.


Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase. Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. Bathara guru mrintahake Setyowati supaya manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro. Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati.


Pangumbaran kang suwe, nggawa Angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.


Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.


Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling. Widati nangekake Angling, lan dadi padu. Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur.


Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane.


Ora suwe…”Kanggo mbuktekake endi Ki Bremana asli, kekarone kudu bisa mlebu ing kendi iki. Yen bisa mlebu, ya kuwi Bremana asli.” Kandane Klungsur mancing Bremana palsu. Salah sijine bisa mlebu tenan neng jero kendi. Kendi mau ditutup, banjur dipecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.


Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.


Adipati Darmawasesa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.


Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe nliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake. Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.


http://apdnsemarang.wordpress.com/2010/08/31/batik-madrim-sayembara-angling-darmo-ngratu/

Sumangga undhuh Ketoprak Wahyu Manggolo “Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu” wonten ing ngandhap punika:
Angkling Darmo Ngratu 01.mp3
Angkling Darmo Ngratu 02.mp3
Angkling Darmo Ngratu 03.mp3
Angkling Darmo Ngratu 04.mp3
Angkling Darmo Ngratu 05.mp3